Sekatèn
Pasar malem parayaan Sekatèn
Sekatèn (dijupuk
saka tembungsyahadatain utawa rong kalimat sahadat)
yaiku salah sawijining upacara adat minangka wujud rasa syukur masarakat IslamJawa Tengah sing dilaksanakaké saben sasi Mulud penanggalan
Jawa kanggo meringati lahiréNabi Muhammad SAW. Jaman
mbiyèn upacara iki dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo
ngundang masyarakat mlebu agama Islam.
Ing upacara
Sekatèn iku rangkaian adicara sing paling ditunggu yaiku metuné gamelan keraton Nyai Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo
diunèake ing Pagongan Mesjid Gedhé Kraton Ngayogyakarta.
Gamelan iku diarak saka Bangsal
Pancaniti marang Mesjid Gedhé banjur
kanggo ditabuh seminggu suwéné lan disiaraké nganti dalan Malioboro saéngga nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta. Puncak adicara Sekatèn
ditandhai kanthi metuné sejumlah gunungan sing
disebut Grebeg Mulud,
sing dhasaré nggambaraké sedhekahing para raja marang rakyaté lan nyimbolaké
kasejahteraan.
Parayaan
Sekatèn dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi
péntaswayang kulit ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat. Ing adicara Sekatèn uga digawé panggung kesenian sing
nggelar festival seni tradisi lan religi, lan dianakaké serangkaian kegiatan
ékonomi sing diwujudke kanthi pasar rakyat utawa disebut Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS)
sing digelar suwéné 40 dina.
0 komentar: