Tumpeng
Sego Tumpeng
Tumpeng untuk selamatan
Tumpeng iku
cara nyuguhaké sega lan lawuh jroning wangun bucu;
amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng.[1]Olahan sega sing dianggo umumé arupa sega kuning, senadyan kerep uga digunakaké sega
putih biasa utawa sega uduk. [2]Cara
nyuguhaké sega iki mligiJawa utawa masyarakatBetawi katurunan
Jawa lan biasané disuguhaké wektukenduri utawa
prayaan mèngeti kedadéyan wigati.[2]Senadyan mangkono, masyarakat
Indonesia wis ngenal kagiatan iki sacara umum.[2]
Tumpeng uga
diarani tumpukan sega kang padhet.[2] Tumpeng bentuké kerucut.[2] Bentuk kerucut nduwéni filosofi pangarep-arep
supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat,
lan martabat.[2]
Tumpeng tau
diklaim dadi duwèkké Malaysia.[2] Déné pangan liyané kang uga diklai
yaiku kupat, cendol,
lan rendang.[2] Tumpeng kanggo ubarampéupacara ingkang
sifatipun seneng utawa suka uga sedhih.[2] Ing acara ritual, tumpeng biyasané
dihias karo sayuran lan iwak kang nduwéni teges kang sakral lan
nduweni pralambang lan pangarep-arep.[2]
Tumpeng bentuké kerucut lan ditata ing wadah utawa tampah kang
diléméki godhong gedhang.[2] Tumpeng manggoné ing tengah lan
diubengi lauk lan sayur.[2]
Jaman biyèn
tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng
banjur diwernani.[2] Saiki tumpeng kuning kang dienggo
ing upacara-upacara khusus.[2] Saliyané tumpeng kuning kang kanggo
upacara tradisiomal masyarakat Jawa, uga ana [[tumpeng putih].[2] Jaman saiki banjur ana
tumpeng-tumpeng kanthi werna liyané, kayata tumpeng ijo (daun suji campur daun
pandan), tumpeng ireng (biji
keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari
angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari
wortel).[2]
Bab
lan Paragraf
|
Cara
nggawe
Sega tumpeng
biyasané dadi hidangan istiméwa ing acara-acara penting.[1]Carané gawé tumpeng sing énak yaiku.[1]
1.
Campur 200 gram beras ketan putih
ing 1 kg beras supaya sega tumpeng bisa pulen lan
gampang kacithak.[1]
2.
Rendhem campuran beras, suwene 8-10
jam supaya cepet mateng lan hasilé apik, banjur kukus nganti mateng, suwéné
kurang luwih 1/2jam.[1]
3.
Beras kang wis dikukus banjur
dilebokaké ing santen kang wis umum, banjur diwénéhi godhong salam utawa godhong pandan lan uyah,
mangsak nganti santene asat.[1] Supaya sega tumpeng bisa katon
kuning, campura 1 séndhok makan
banyu jeruk nipis saben 1.500 ml santen.[1]
4.
Santen dimangsak dhisik supaya sega
tumpeng ora gampang mambu.[1]
5.
Supaya tumpeng bisa alus, sawisé
beras mateng, aja diudheg-udheg maneh, diadhemké ing panci tutupan suwéné 15
menit, banjur kukus nganti garing lan mateng.[1]
6.
Hiyasan kanggo tumpeng bisa nganggo garnish saka
wortel, péterséli, bengkuang, cabai merah, tomat, atau sayuran.[1]
7.
Tumpeng biasa disuguhaké ing
sadhuwuring tampah (wadhah tradhisional) lan ditataki godhong gedhang.[1]
Filosofi
Tumpeng yaiku
sega kang bentuké kerucut kanthi
werna-werna lauk pauk.[3]Tumpeng dihidangaké ing tampah kang
arupa nampan gedhé, bunder,
saka anyaman pring.[3] Tumpeng biyasané dianggo ing upacara
tradisional.[3]Tumpeng ing ritual Jawa ana
macem-macem jinisé. Ana tumpeng sangga
langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong.[3] Tumpeng kebak ing simbol kang
nggambaraké makna kauripan.[3] Tumpeng robyong asring dianggo dadi
sarana upacara Slametan (Tasyakuran).[3] Tumpeng Robyong dadi
simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan.[3] Tumpeng sing bentuke kaya Gunung
nggambarake kamakmuran sing langgeng.[3]Banyu sing
mili saka gunung bakal nguripi tanduran-tanduran.[3] Tanduran kang bentuké ribyong diarani
semi utawa semen kang tegese uri lan thukul ngrembaka.[3]
Tumpeng
Sejarah
Bentuk tumpeng
kaya bentuk gunung.Indonésia kalebu nagara kepulauan kang nduwéni
akeh gunung merapi.[4] Nenek moyang wargaIndonesia nduweni persépsi tumprap gunung.[4] Gunungdianggep
papan panggonan kang luhur.[4] Sega tumpeng utawa tumpengannduwéni teges simbol gunung Mahameru.[4]
Tumpeng iki dadi tradhisi suguhan kang digunakake jroning upacara kang asipat kasedhihan utawa gumbira.[5]
Sawetara sumber
nyebutaké manawa jaman biyèn tumpeng mesthi
disuguhakè saka sega putih.[5] Sega putih lan lawuh jroning tumpeng
iku duwe makna, yaiku sega putih kang awujud gunungan utawa kerucut iku
nglambangaké tangan kang nyembah mring Gusti Pangeran.[5] Sega putih uga nglambangké samubarang
kalir kang dipangan, dadi getih lan daging kudu
dipilih saka sumber kang resik lan halal. [5]Wujud gunungan iku
uga bisa ditegesi minangka pangajab supaya karaharjaning urip manungsa
sansaya munggah lan dhuwur.[5]
Kustawa Esye, Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh,
mratelakaké tumpeng utawa inthuk-inthuk iku
ngandhut piwulang luhur,
yaiku pangajabe manungsa marang kuwasaning Pangéran.[5] Jroning uripe manungsa ing donya
iku ana trape, kaya kang kagambar ing tumpeng.[5]
Sanajan wujudé kerucut,
sajané tumpeng iku
kapara dadi telung trap.[5] Ngisor dhewe, tengah lan pucukan
utawa dhuwur dhewe.[5] Kabeh ngandhut piwulang.
Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku
dadi gegambaraning donyané manungsa. [5]Dene
trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kanggo
nuju kasampurnan.[5] Dene pucuk dhewe dadi simbul pangajabé
manungsa mring Gustikanggo
nggayuh kabahagyan hakiki. Yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning
dumadi ana ing pucukan tumpeng kuwi.[5] Mula ing pucukan ditancepilombok abang ngacung
jejeg.[5] Iku kanggo pepeling supaya manungsa
kudu tansah eling marang Kang Maha
Tunggal, yaiku Pangéran.[5]
Jaman biyèn,
sesepuh kang mimpin donga slametan lumrahe
bakal ngudhar dhisik makna kang kakandhut jroning suguhan tumpeng.[5] Kanthi cara kang mangkono iku
wong kang mélu slametan bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan
kang arupa piwulang urip sarta pepeling.[5]
0 komentar: