Teman

Tugas bahasa jawa: upacara adat jawa,Tradhisi Pethik Tirta


Rabu, 14 November 2012


Tradhisi Pethik Tirta
http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fb/Petiktirta.jpg/250px-Petiktirta.jpg
http://bits.wikimedia.org/static-1.21wmf1/skins/common/images/magnify-clip.png
Tradhisi Pethik Tirta
Pethik tirta yaiku salah sawjining tradhisi merti désakang ana ing Désa Jenar Lor, Kecamatan Purwodadi,Kabupatèn Purwareja. Pethik tirta iku asalé saka tembung pethik kang tegesé njupuk lan tirta kang tegesebanyu. Miturut etimologis, pethik tirta yaiku upacara njupuk banyu (kang ditindakake ing sumur Talang, yaiku sumur beji / tua kang ana ing Dusun Talang Bagus, Desa Jenar Lor, Kecamatan Purwodadi) kang dipercaya nggawa berkah.
Mula bukané upacara iki ana gandhèng cènèngé karo anané bulak (papan kang jembar kanggo tetanèn) kang ngrugkebi Desa Jenar Lor, Jenar Kidul, Walikoro, Sruwoh, Singkil, Wingko, Pundensari, Jenar Wetan. Saiki bulak iku kawentar kanthi jeneng Bulak Kethip.
Upacara Pethik Tirta ing Desa Jenar Lor wis kalaksanan wiwit jaman Hindhu-Budha lan sadurungé Islam mlebu ing tlatah Jenar. Sawisé Islam teka, tradhisi iki tetep ana lan dadi tradhisi rutin taunan kanthi tujuan utama yaiku:
1.     Konjuk syukur marang Allah Kang Maha Tunggal awit saka rejeki kang morah-mareh saka panèn.
2.     Pethik Tirta minangka wujud matur nuwun marang leluhur yaiku Bethara Loano kang nggawé sumur lan mbukak lahan sawah.
3.     Pethik Tirta minangka wujud panuwun supaya warga désa pinaringan slamet lahir lan batin, dawa umur, lan murah rezeki.

0 komentar: