Teman

Tugas bahasa jawa: upacara adat jawa,Munggah wuwungan


Rabu, 14 November 2012


Munggah wuwungan
Munggah wuwungan iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake bubar wuwungan dibangun/diadhek'ake neng proses mbangun umah. Istilah munggah wuwungan iki kadhang diarani munggah gendeng. Upacara iki diselenggara'ake wektu rangka wuwungan wis dadi ning gendeng urung dipasang.
Upacara adat iki uga dikenal neng dhaerah-dhaerah liya neng Nusantara.
Slametan lan syukuran
Upacara iki sejatine upacara kanggo syukuran merga seneng umah sing dibangun wis nduwe wuwungan dadi sedela maneh wis isa dipanggoni lan ora bakalan kudhanan lan kepanasan. Puncak acarane yaiku kendhuren, utamane kanggo tukang-tukang sing mbangun umah lan tangga-tangga cedhak umah sing dibangun. Acara ditutup karo ndonga bareng sing dipimpin ulama. Biasane acara kendhuren munggah wuwungan iki diselenggara'ake awan utawa bubar shalet dhuhur, dadi seliyane kanggo mangan awan tukang-tukange uga jamaah lan ulama sing metu saka masjidutawa langgar isa langsung melu lan baline nggawa tentengan besek.
Sesajen
Sesajen iki disiapake kanggo digantung neng salahsiji kayu neng wuwungan. Sing ora digantung mung bendhera abang putih sing dipasang nganggo galahsing dawane sedeng (ora patiya dawa), sing isa katon saka omah tangga-tanggane. Sesajen sing kudhu disiapake:
§  Pari secukupe
§  Kelapa seiji uga bendhera


0 komentar: