Teman

Tugas Bahasa jawa :upacara adat jawa, mendhem ari-ari


Rabu, 14 November 2012


Mendhem ari-ari

Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing(mbingmbing).
Ing Jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (umumesenthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).

Tata cara

Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen pintu utama omah.
Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
  article ing duwur kajupuk saka :http://jv.wikipedia.org/wiki/Mendhem_ari-ari

0 komentar: