Teman

Tugas bahasa jawa: upacara adat jawa,brokohan


Rabu, 14 November 2012


Brokohan
Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka
 basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi[1]. Sesajèn upacara sing dibutuhaké ya iku:
§  Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir,sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
§  golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga[2].
Angkah
Upacara brokohan tujuwané kanggo keslametan prosès kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi bocah sing apik.
Rangkéyan upacara
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusaké andum sesajènbrokohan kanggo sedulur lan para tangga.

Rujukan
1.        Dr. Purwadi, M.Hum., Ensiklopedi Adar Istiadat Budaya Jawa, "Barokahan", kaca 51. Panji Pustaka Yogyakarta, 2007



article ing duwur kajupuk saka:http://jv.wikipedia.org/wiki/Brokohan

0 komentar: