Ruwatan
Ruwatan iku
salah sijining upacara adat Jawa sing
ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti
upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga,
nyuwun pangayoman marangGusti Allah saka
ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan
liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing
wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana.
Upacara adat
iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretissing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.
Makna
Ruwatan iku
salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat
utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga,
njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam
lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing
uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining
desa,
Larangan
Ing kapercayan
wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati
cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan
kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang
bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka
diwalik).
Sejarah
Upacara adat
iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing
doyan mangan menungsa. Bathara Kala iku
putra Bathara Guru utawa
putu paradéwa.
Sesajèn
§ Wos Jené
§ Jarum kuning
Yen kanggo
tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudhu
njalani siraman banyu
suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.
0 komentar: