Bersih desa
Bersih
desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing
diselenggara'ake bubarpanen pari
dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Masing-masing
dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan
masing-masing ning tujuane padha wae.
Sajarah
Ing
jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari
merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.
Tujuan
§ Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan
hal-hal singgaib, roh utawa arwah sing
gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
§ Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa
kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
Prosesi
Prosesi
upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane
pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampeantarane: janur kuning,
kembang setaman, kemenyan,
kaca, suri, banyukendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga,
pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari.
Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume
digawe saka godhongantarane godhong kluwih,
dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh.
Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.
0 komentar: