Tedhak sitèn
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa
kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan[1]. Upacara iki ing dhaérah liya ingNuswantara uga ana, contoné sing diarani
upacara injak tanah ing dhaérahJakarta déning suku Betawi utawa uga ana
sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan"[1].
Tedhak sitèn
iku asalé saka tembung tedhak,
idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara
iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan
diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7
x 35 = 245).
Sebabe
Dianakaké
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan
masyarakat Jawayèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan
dijaga Bathara Kala. Kanggo
ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké
putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni
upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé
Upacara Tedhak Sitèn
Ubarampé kanggo
upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
§ Kurungan,
kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
§ Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang
nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah",
kayata:
3.
Piranti nulis
5.
Werna-werna jinis dhuwit
6.
"Perhiasan"
§ Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu
kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
§ Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lanjambon.
Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
Urutané
upacara tedhak sitèn
§ Tedhak jadah pitung
warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang
diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna
sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh
alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju
kamulyan lan kasantosan.
§ Munggah andha tebu arjuna: tebu iku
pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal
manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah
tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
§ Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing
jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting,pethèt lan liya liyané, dolanan utawa
ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni
pagawéan mau.
§ Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa
jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang
sing kanggo acarasiraman anak mau.
0 komentar: