Mubeng Beteng
Gambar bocah-bocah wadon lagi nindakake tradisi Mubeng
Beteng
Mubeng Beteng yaiku
salah sawijing tradisi masarakat ing Yogyakarta .[1]Para warga padha laku prihatin
ngubengi beteng kraton Yogyakarta. [1]Sejatine
tradisi iki minangka wadah sawijining rasa prihatin kang ancase manut
kapercayan dhewe-dhewe.[1] Tradisi iki ditindakake saben malem
1 Sura utawataun Baru Hijriah.[1] Ancasing tradisi mubeng beteng yaiku
ngresiki batin, introspeksi diri, lan kanggo nduduhake rasa prihatin tumrap
kadadeyan kang wis kalakon ana ing nagara Indonesia.[1]
Bab
lan Paragraf
|
Minangkani
panjaluke warga Yogyakarta ing
taun 1919, dianakake upacaragendera pusaka kanthi
aran Kanjeng Kiai Tunggul Wulung, kanthi mlaku ngubengi beteng kraton. [2] Upacara kasebut nduweni pangarep
yaiku nyegah penyakit influenza supaya ora kaserang masarakat Yogyakarta. [2]Kanjeng
Kiai Tunggul Wulung yaiku bageyan saka blongsong Ka’bah ing Mekah kang digawa
dening Safi’I, utusane Sultan Hamengkubuwono 1 ing taun1784 Masei. [2] Amarga para masarakat percaya
ngenani kaampuhane pusaka mau, mula kabeh panyakit bisa disirnaake. [2]
Saperangan para
sedulur ing Ngayogyakarta lan sakiwotengene padha duwe panganggep yen wesi aji
lan pusaka duwe daya rupa-rupa umpamane piyandel marang dwaja (klebet gendera)
Kanjeng Kiai Tunggal Wulung (Pusaka ing Kraton) yaiku yen suk ana ambuh-ambuhan Epidemi lelara nular, seperangan rakyat padha nyuwun supaya klebet
pusaka mau diarak mubeng kutha, kaya kang kalakon tahun 1919 mubale lelara
influenza.[2]Saweneh ana kang crita yen Kanjeng
Kiai Tunggul Wulung kang asli iku asale saka cuwilan tutup Ka'bah ing mekah,
kang digawa dening Kiai Iman Sapi’i utusane ingkang Sinuwun Hamengkubuwono 1
tahun 1784 M. [2]Kedadeyan
mau dibaleni maneh taun 1932, 1946 lan taun 1951 kanthi upacara Kanjeng Kiai
Tunggul Wulung kanggo nyegah penyakit pes. [2] Mula saka kuwi masyarakat Yogyakarta
njaluk tulung marang kraton supaya dianaake upacara maneh.[2] Urut-urutaning tradisi mubeng beteng
lan kirab pusaka kanjeng Kiai Tunggul Wulung yaiku Kanjeng Kiau Tunggul Wulung
kairingan batalyon prajurit kraton kang wes ditunjuk. [2] Banjur ing mburine yaiku masarakat
Yogyakarta saka punjering tlatah.[2] Wujud kasunyatan Kanjeng Kiai
Tunggul Wulung yaiku gendera pesagi, kanthi werna ireng, wungu lan kuning ing
tengahe ana gambar manuk elang kang tinulis Rajah ( utawa
huruf kang duweni ateges ) kanthi huruf arab. [2]
Dene wujude
Pusaka Kanjeng Kiai Tunggul Wulung wungu, ireng lan kuning, ing tengahe ana
werna putih kang duweni buntut lan ngepang loro. [3] Ing kono uga ana gambar bunder lan
lonjong kang wernane abang. [3] Gendera di deleh ing tongkat kang
pucuke ana catur sula kang diarani Kanjeng Kiai Santri. [3] Kanjeng Kiai Tunggul Wulung kang
dikirab mung awujud duplikat. Kang asline dideleh ing jero peti. [3] Amarga umure wis tuwa lan gampang
suwek, mula digawekake duplikat. [3] Ing jejere uga ana pusaka kang melu
dikirab, wernane ijo lan kuning kang diarani Pareanom. [3]
Saiki tradisi
iki ditindakake sewindhu sepisan yaiku Ing taun Dal bebarengan
karo pengetan mauludan. [4] Ing wektu iku pusaka-pusaka kraton
ugo melu dikirab yaiku Kanjeng Kiai Ageng, Kanjeng Kiai Gadawadana, Kanjeng
Kiai Gadatapan. [4] Kabeh mau awujud tombak. [4] Semono uga pusaka kang awujud
Bendhe, Wedhung, Cemethi, Ketipung uga melu dikirab ing taun Dal.[4]
Mubeng beteng
miturut konsep kejawen ateges laku manungsa sacara pisik utawa (sembah
raga)kanggo nyedhakake diri marang Gusti. [5]
Ing Serat
Wedhatama dibabarake pangerten ngenani sembah Raga yaiku
"Sembah
raga puniku Pakartining wong amagang laku Sesucine asarana saking warih Kang
wus lumrah limang waktu Mantu watak ing wawaton"
Tegese yaiku
sembah raga minangka bageyan saka lakuning urip kang dawa kang di wujudake
minangka lakuning karohanian kayata wong kang tapa utawa ngibadah. [5] Sholat limang waktu kanti pedoman
kang bisa di tanggungjawabke. [5]
Dene ing Serat
Sasangka Jati uga dijlentrehake ngenani sembah raga yaiku
"Roh Suci
iku sipating Pangeran kang nguwasani nepsu kang patang prakara (lauwamah,
amarah, sufiah, mutmainah)". [5] Dadi tegese, roh suci isih perlu
nelukake utawa ngereh hawa nepsune, supaya manut karsaning roh suci. [5] Dene anggone ngereh utama nelukake
mau sarana panguwasane, yaiku pangaribawane (ciptane), dienggo ngeling-eling
marang Pangeran lan utusane kang langgeng, kanthi angluruhake asmane Pangeran
lan sapanunggalane, kang dibabarake sarana pratandha hormat: tumandange raga
lan pangucapane. [5]
Mbisu miturut
tuntunan Islam yaiku ngibadah kang kalebu bab Tasawuf, kang biyen kerep
ditidakake dening para sunan lan golongan sufi. [6] Ancase yaiku kanggo introspeksi
diri. [6] Tegesing mbisu ing kene yaiku
ngibadah kang asipat batiniyah lan lairiyah. [6] Dene lairiyah ing kene diwujudake
kanthi mlaku mubeng beteng kanggo nyedakake diri marang Gusti Akarya Jagat. [6]
…Gusti allah
tresna marang wong-wong kang tobat lan wong-wong kang sesuci
Dene ing surat
Al A’la ayat 14 yaiku
Bakal untung
wong-wong kang sesuci
Dadi agama Islam
ngolehake acara ritual apa wae, nanging ora kena ninggalake bab kang utama
yaiku tansah eling lan nyenyuwun marang Gusti Allah.[6]
Kejaba ngibadah
marang Gusti, bab amaliyah saka sesuci yaiku sesrawungan marang manungsa, kang
dikenal kanthi istilah ‘’kemaslahatan’’ lan nyegah ‘’kemudharatan’’ (tuna). [7] Mlaku ngubengi beteng kraton miturut
Islam ateges sesuci (‘’taharah’’) amarga bisa entuk hawa segerlan anggota badan
uga bisa dadi seger. Kabeh mau bisa gawe katentreman batin lan bisa ngilangake
karuwetan batin.[7]
0 komentar: